Contoh Teks MC Bahasa Jawa dalam Acara Hari Raya Idul Adha, Lengkap, Tinggal Edit di Kolom Titik-Titik

- 18 Mei 2022, 22:39 WIB
Teks MC Hari Raya Idul Adha
Teks MC Hari Raya Idul Adha /Pixabay.com/Bru-no
 
JURNAL NGAWI - Hari Raya Idul Adha dalam merakayannya biasanya juga digelar acara kumpul bersama, hingga pengajian. 
 
Berikut ini contoh MC untuk acara Hari Raya Idul Adha dalam bahasa Jawa.
 
Assalaamu’alaikum Wr.Wb

Ingkang kinabekten panjenegan ipun ustadz Wuntut Wawan Sembodo.
Ingkang kinabekten panjenegan ipun Kepala Desa Taji Ibu Indi Astuti.
Ingkang kinabekten Takmir Masjid At-Taufiq Taji.

 
Ingkang kula hormati Ketua Remaja Islam Taji Saudara Hartono, soho poro bapak ibu Hadhirin Rokhimakumulloh.

Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu puniko kito saget makempal wonten ing Masjid At-Taufiq mriki kangge mengeti pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.

Sholawat soho salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.

 
Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe maosaken susunan acoro wonten dalu puniko:

Adicoro kaping setunggal inggih meniko : Pambuko
Adicoro kaping kalih inggih meniko : Wosan ayat-ayat suci Alqur’an
Adicoro kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan
Adicoro kaping sekawan inggih meniko : Tausyiah dilajeng Do’a
Adicoro kaping gangsal inggih meniko : Penutup

Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko kito bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.

Adicoro kaping kaleh enggeh puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun waos dining adek ..., wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
 

Adicoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan: 
  • Sambutan ingkang kaping setunggal saking ketua ..., dumateng panjenenganipun saudara ... wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
  • Sambutan ingkang kaping kalih saking ..., dumateng panjenenganipun .... wedal soho panggenan kulo sumanggaaken. 
  • Sambutan ingkang kaping tigo saking Takmir Masjid ..., dumateng panjenenganipun ..., wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Adicoro kaping sekawan enggeh puniko tausyiah dipun lajengaken do’a, dumateng panjenenganipun Ustadz ... saking ..., wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro pengaosan wonten ing dalu puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah.

Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb. 
 
Itu merupakan contoh teks MC dalam acara Hari Raya Idul Adha.***

Editor: Latif Syaipudin

Sumber: Berbagai sumber


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x