Teks Pidato Bahasa Jawa Tema Tholabul Ilmi Lengkap Dalil Tentang Pendidikan

- 12 Juni 2023, 07:40 WIB
Contoh Pidato bahasa Jawa tema PEndidikan
Contoh Pidato bahasa Jawa tema PEndidikan /pexels/pixabay/

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Poro Bapak lan poro Ibu ingkang kaulo hormati.

Monggo wonten ing saat sa’meniko kulo lan panjenengan sedoyo samiho muji syukur dating Allah SWT. dene menopo wonten ing saat sa’meniko Allah sampun paring pinten-pinten rohmat, welas asih lan keni’matan dumateng kilo lan panjenengan sedoyo, sehinggo kula lan panjenengan sami saget keroyo-royo, bagi waktu ninggalaken griyo, ninggal bondo lan rojo koyo, sami makempal wonten majlis puniko, boten ateges prawan golek joko, utawi dudho golek rondho, tapi leres-leres pados ilmu agomo, ilmu sing keno kanggo sangu dating griyone moro tuwo, soho ilmu sing keno kanggo sanguine madep dating Alloh kang Moho Kuoso.

Mugo-mugo, mangke wangsul saking pengajian niki samio ngasto ilmu sing manfaah, ilmu sing maslahah, ilmu sing biso mbuahne amal perbuatan tondak-tanduk, solah bowo, toto coro ingkang pikantuk ridlo lan hidayah.

Lan mugo-mugo, sing rejekine rupek diparingono murah, sahinggo uripe tentrem ora kakehan polah, karo tonggo teparone rukun ora tahu congkrah, karo keluargane guyup ora ono sing serakah, yen due putro dipun dadosno putra ingkang sholeh lan solehah, putra ingkang tho’at dumateng tiyang sepah, soho manut miturut dating si embah, yen dikon nunggu umah meneng ora gelem ngedoli gabah, akhire kulo panjenengan gesang kanthi wabillahi taubah, soho pinaringanpungkasan ingkang husnul khotimah, Al-Fatihah…

Poro Bapak poro Ibu ingkang kaulo hormati!

Junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW. sampun dawuh:

طَلَبُ الْعِلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلٰى كُلِّ مُسْلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ . الحديث

Ingkang artosipun,

Pados ilmu puniko fardlu tumerap saben-saben tiyang Islam jaler lan estri.

Halaman:

Editor: Zayyin Multazam Sukri


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah