Contoh MC Pranatacara Bahasa Jawa Semua Acara Lengkap Susunan Acara Tinggal Edit Sedikit

- 2 Agustus 2023, 09:34 WIB
contoh pranatacara bahasa jawa
contoh pranatacara bahasa jawa /pexels/pixabay/

- Poro ‘Alim Ulama ingkang kulo dereki menggah fatwa pangendikanipun
- Wabil akhosh panjenenganipun Bpk. KH. ........... soho Ibu Nyai selaku Pengasuh Pondok Pesantren .........................ingkang kulo cadang-cadang Barokah, Manfaat, Soho Ridlo Ilmunipun
- Almukarrom Simbah KH. Mufid Mas’ud saking Ngayojokarto ingkang tansah kito tenggo-tenggo menggah fatwa pangendikanipun

- Hadirin Hadirot Rohimakumulloh...

Sepisan, moggo kito sesarengan angunjuaken rahos syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampuan maringi kathahing nikmat, arupi nukmat lahir soho batin sehinggo wonten ing wekdal puniko kito waget pepanggihan wonten ing majlis puniko tanpo setunggaling alangan punopo, Amien.

Kaping kalih, Shalawat soho salamIpun Allah SWT mugi katetepno dumateng Nabi Agung Muhammd SAW, ingkang sampun bekto kito saking mergi ingkang awon dumugi mergi ingkang sahe lumantar Agami Islam.

Hadirin Hadirot Rohimakumulloh

Dungkap kaping tiganipun, ing mriki kulo minongko pranoto acoro wonten ing wekdal siang/dalu puniko bade mahosaken runtuting acoro ingkang Insya Allah bade kelampah ing wekdal puniko:

1) Pembuko
2) Wahosan Ayat-ayat Suci Alquran
3) Prakata panitia
4) Sambutan-sambutan
5) Istirahat
6) Inti (Mau’udlotul Hasanah)
7) Do’a/penutup

Mekaten menggah runtuting adicoro ingkang bade kalampah wonten ing wekdal siang/dalu puniko. Ngengeti wekdal ingkang saantawis siang/dalu, pramilo monggo acoro kito milahi sesarengan kanthi wahosan Ummul Kitab, kulo dhereaken ‘Ala Hadzihinniyah Al Fatihah......... (Sareng-sareng)

· Shodaqollohul ‘Adzim, mugi-mugi kanthi berkahipun wahosan ummul kitab waget ndadosaken lancaipun adicoro ingkang bade kalampah wonten ing wekdal siang/ndalu puniko, Amiwn.

· Menggah adicoro ingkang kaping kalih, inggih puniko Wahosan Ayat-ayat suci Alquran ingkang bade dipun wahosaken sederek/bpk/ibu ............. kanthi sari tilawah sederek/bpk/ibu ............. ingkang kajibahan tugas kulo sumanggaaken.

Halaman:

Editor: Zayyin Multazam Sukri


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah