Contoh MC Pranatacara Bahasa Jawa Semua Acara Lengkap Susunan Acara Tinggal Edit Sedikit

- 2 Agustus 2023, 09:34 WIB
contoh pranatacara bahasa jawa
contoh pranatacara bahasa jawa /pexels/pixabay/

· Minongko adicoro sak lajengipun inggih puniko Prakata Panitia iangkang bade dipun aturaken sederek/bpk/ibu ....................... dumateng panjenenganipun kulo aturaken

· Kito lajengaken adicoro ingkang kaping sekawan, sambutan-sambutan. Dene sambutan ingkang kaping sepisan inggih puniko sambutan atas nama wakil saking sedoyo santri ingkang bade dipun aturaken sederek ....................... dumateng ingkang kajibahan tugas kulo aturaken

· Sambutan ingkang ongko kalih, inggih puniko sambutan atas nami Pengasuh Pondok pesantren Ma’ahidul ‘Irfan Soropaten ingkang bade kaasto dening Almukarrom Bpk. KH. M Aliyyul Munief Qst, dumateng Almukarrom KH. M Aliyyul Munief Qst kito aturaken

· Menggah adicoro sak lajengipun istirahat, kangge wekdal puniko bade dipun isi Group Shalawat Rebana Qathrun Nada. Dumateng Firqoh Group Shalawat Rebana Qathrun Nada kulo sumanggaaken

· Istirahat kito cekapaken semanten. Dumugilah acoro ingkang kito tenggo-tenggo, inggih puniko acara inti mau’idlotul hasanah ingkang bade kaasto dening Almukarrom simbah KH. Mufid Mas’ud saking Ngayojokarto soho doanipun. Ananging sak derengipun Almukarrom medal sabdo lan acoro kulo akhiri, mbok bilih wonten klentan-klentunipun atur saking awal dumugi akhir saking kulo pribadi nyuwun agunging pangaksami.
Kito akhiri Ihdinasshirothol Mustaqiim.......

وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

Ngarsanipun Almukarrom simbah KH. Mufid Mas’ud kito sumanggaaken........

Demikian contoh teks MC Bahasa Jawa semoga manfaat.***

Halaman:

Editor: Zayyin Multazam Sukri


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah