Contoh Teks Sambutan Ketua Panitia Peringatan HUT RI ke 77 Bahasa Jawa

9 Agustus 2022, 08:31 WIB
Contoh teks sambutan ketua panitia HUT RI 77 pakai Bahasa Jawa /Ranthi Apriliah/

JURNAL NGAWI - Inilah contoh teks sambutan ketua panitia peringatan HUT RI ke 77 yang menggunakan Bahasa Jawa singkat padat dan jelas mudah dihafalkan.

Pada malam 17 agustus yang akan datang banyak masyarakat yang merayakan HUT RI ke 77 dengan berbagai acara.

Dalam sebuah acara juga ada sambutan ketua panitia.

Bahasa jawa sendiri dianggap susah oleh sebagian orang, apalagi ketika sambutan ketua panitia.

Baca Juga: Contoh Teks Sambutan Ketua Panitia Peringatan HUT RI ke 77 Singkat Mudah Dihafalkan

Jangan khawatir, saat ini akan kami contohkan teks sambutan ketua panitia peringatan HUT RI ke 77 dalam Bahasa Jawa.

Berikut contoh teks sambutan ketua panitia peringatan HUT RI ke 77:

Assalamu'alaikum wr.wb.

Ingkang kinurmatan Bapak wakid minangka lurah Padas
Ingkang kinurmatan sedanten Babinsa
Ingkang kinurmatan para tamu undangan
Kawulo ugi ngurmati bapak/ibu ingkang rawuh wonten ing adicara menika

Baca Juga: Ramalan Zodiak Aquarius 9 Agustus; Anda Selalu Ingin Unggul Dalam Segalanya

Alhamdulillah Hirobbil Alamin, Dinten menika kita sedaya taksih dipun paringi kalodhangan kangge melu pengetan dinten kamardikan RI ingkang kaping 77 kanthi sehat wal afiat.
Menika mboten sanes kejawi kita taksih pinaringan rahmat saking Allah SWT.

Sholawat saha salam mugi tansah katur dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kita ngarep-arep syafa’atipun wonten ing yaumul akhir. Amin.

Bapak-bapak ingkang kula hormati

Keparenga kula minangka wakil saking recang-recang Panitia Pengetan RI kaping 77 ngaturaken agunging panuwun dhumateng para warga ing tlatah Desa Padas ingkang sampun paring pitulungan materi saha spiritual saengga saged kaleksanan maneka warni kagiyatan wonten ing pengetan dinten kamardikan RI ingkang kaping 77, kawiwitan saking malem syukuran, lomba-lomba lan pentas hiburan ing dalu punika, mugi-mugi amal kesaenan panjenengan sedaya pikantuk ganjaran ingkang sae saking Allah swt. Amin.

Ingkang kaping kalih, ugi ngaturaken agunging panuwun awit saking pitulungan saha panyengkuyung materi satemah kasilipun pengetan dinten kamardikan RI menika.

Saklajengipun, mboten kesupen nyuwun agunging pangapunten menawi wonten kekirangan saking pelaksanaan kagiyatan menika, ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedoyo panitia ingkang sampun sregep nyiapake samukawis satemah anggenipun ngupayakaken adicara menika saged sukses.

Panitia mugi-mugi sesarengan saged njagi lan ngisi kamardikan menika kanthi hal-hal ingkang positif tumuju lingkungan ingkang aman, ayem, lan tentrem.

Mekaten ingkang saged kita aturaken wonten ing kalodhangan menika, kirang langkungipun nyuwun pangapunten. Sugeng ambal warsa kamardikan RI ingkang kaping 77, sugeng tanggap warsa, sugeng tanggap warsa kamardikan RI ingkang kaping 77.

Merdeka… merdeka … merdeka !!

Wassalamualaikum Wr.wb.

Baca Juga: 15 Contoh Soal Kelas 6 MI SD Mata Pelajaran Fiqh Tema Jual Beli

Demikian contoh teks sambutan ketua panitia peringatan HUT RI ke 77 dalam bahasa jawa.***

Editor: Zayyin Multazam Sukri

Tags

Terkini

Terpopuler