Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tema Meningkatkan Iman di Bulan Ramadhan

- 28 Maret 2022, 07:10 WIB
Contoh teks pidato bahasa jawa singkat tema meningkatkan iman di bulan ramadhan
Contoh teks pidato bahasa jawa singkat tema meningkatkan iman di bulan ramadhan /pixabay.com/OpenClipart-Vectors

Alhamdulillah nahmaduhu wa nasta’inuh, wa nastaghfiruh, wa na’udzu billahi min syuruuri anfusinaa wamin sayyiaati a’maalinaa, mayyahdihillahu falaa mudhillalah, wa mayudhlil falaa haa diya lah. Asyhadu alla illaha illallah wahdahu laa syariikalah wa asyhadu anna muhammadan abduhu wa rosuuluh.

Dhumateng Bapak/Ibu Kepala Sekolah engkang kulo hurmati.

Bapak Ibu Guru ingkang kulo hurmati ugi, sedoyo rencang lan hadirin engkang bahagia.

Poro hadirin hadirot ingkang kulo hurmati!

Monggo wonten ing kesempatan meniko kulo lan panjenengan sedoyo sami muji syukur dumateng ngarsonipun Alloh SWT. Kranten Alloh sampun paring Rohmat, Ni’mat dateng kito sedoyo ingkang arupi tetepipun Iman lan Islam.

Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat lan Salam Bahagia Alloh selalu dipun limpahaken kanjeng Nabi Muhammad SAW, poro ahli keluarga lan poro sohabatipun.

Poro Rawuh ! monggo kulo lan panjenengan sedoyo meniko samiyo ningkataken anggenipun taqwa dumateng Alloh SWT. Tegesipun kito nindakkaken perintahipun, shoho nebihi dateng laranganipun, dene termasuk perintahipun Alloh inggih meniko : Alloh sampun majibaken dateng kito sedoyo inggih meniko nglampahi poso wonteng ing wulan Romadhon, Alloh sampun dawuh wonteng Al-Qur’an :

Ingkang artosipun :

“He/ wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro kabeh nglakoni poso. Koyo dene den wajibake maring wong-wong sakdurunge siro kabeh. Supoyo siro podo taqwa” (Al- Baqarah : 183).

Pramilo saking meniko, monggo kedatangan wulan Romadhon meniko kito sambut kanti gembira. Kito penuhi mawi kegiatan-kegiatan, tadarrus Al-Qur’an, Shodaqoh dateng fakir miskin, lan sanes-sanesipun.

Halaman:

Editor: Zayyin Multazam Sukri


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah