Contoh Teks MC Bahasa Jawa Acara Khotmil Qur'an, Lengkap Tata Uarutannya

- 8 April 2022, 13:04 WIB
Contoh Pidato Bahasa Jawa
Contoh Pidato Bahasa Jawa /zayyin multazam sukri/pixaby jurnalngawi

JURNAL NGAWI - Salah satu kelemahan anak muda sekarang tidak kompeten dalam berbahasa Jawa kurang menguasai unggah-ungguh Bahasa jawa yang meliputi krama alus.

Berbiara dengan Bahasa jawa ngoko tidaklah sopan jika berhadapan dengan mereka orang yang lebih sepuh/tua.

Ketika mereka berbicara dengan orang yang lebih tua, mereka kebingungan untuk berbahasa jawa alus/krama untuk menghormati orang tua.

Inilah contoh teks naskah MC atau pembawa bahasa Jawa acara dalam acara khotmil Qur'an.

Baca Juga: Contoh Teks Pidato atau Ceramah Bertemakan Amalan di Bulan Ramadhan, Simak Selengkapnya

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Hadhrotal Mukarromin, para alim/ulama, para kiyai, para ustad/ustadzah, para sepuh pinisepuh ingkang tansah kawulo dereaken sedoyo fatwa soho nasehatipun.

Dumateng Para Bapak-bapak, Ibu-ibu, adik-adik sedoyo, hadirin wal hadirot ingkang kawula mulyaaken.

Sepindah monggo kita ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kita pinten-pinten kenikmatan, arupi nikmat Iman Islam, nikmat sehat wal ‘afiat, nikmat panjang umum lan lintu -lintuni pun ingkang mboten saget kito sebat satunggal-satunggal, sehingga wonten ing ndalu puniko kita saget angrawuhi wonten ing majlis ingkah kathah barokah, kathah maghfiroh saking Allah SWT dalam rangka acara khotmil Quran utawi Khataman AlQuran kanti mboten wonten alangan satunggal punopo. Allahumma Amin.

Kaping kalihipun, Sholawat ma’a salam mugi kunjuk dumateng Nabi kita, Baginda Muhammad SAW biqoulina “Allahumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad” mugi-mugi kanti sholawat meniko kita pikantuk syafaat saking beliau benjang wonten ing Yaumil Qiyamah, Amin Ya Robbal Alamin.

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Bahasa Inggris, Tema The Importance of English in this Global Era

Ing mriki, kawulo minangkeni Pranata Adicara badhe maosaken susunan acara ingkang badhe kalampah sak mangke.

Acara ingkang sepindah, inggih punika Pembikaan.
Acara ingkang nomer kalih inggih punika Acara Khotmil Qur’an.
Acara ingkang nomer tiga inggih punika Tahlil
Acara pungkasan, inggih punika Doa saha penutup.

Monggo kita wiwiti acara ingkang nomor setunggal inggih punika pembikaan. Monggo kita bikak acara punika kanti waosan Ummul Kitab, ‘ala hadiniyyah alfatihah...

Matursuwon. Kita lajengaken acara ingkang nomer kaleh inggih punika “Acara inti Khataman Alquran. Dumateng tim ingkang maos kawulo sumanggaaken.

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Tema Pentingnya Bahasa Inggris Di Era Global, Simak Ulasan Singkatnya

Dilanjengaken acara ingkang nomor tigo tahlil ingkang badhe dipun pimpin Bapak........ sekaligus doa/penutup, doa khotmil Quran badhe kulo piyambak ingkang maos dilajenganken doa tahlil Bapak ...... .

Mekaten ingkang saget kawula aturaken kangge nyingkat wekdalipun. Saking kawulo menawi wonten atur ingkang mbten mrenani dumateng penggalih panjenengan sami, kulo nyuwun aguning pangapunten.

Akhirul kalam, Wallahul muaffiq ila akwamittoriq
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.***

Editor: Latif Syaipudin


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah