JURNAL NGAWI - Berikut adalah contoh soal Bahasa Jawa PAS untuk kelas 4 SD/MI dalam bentuk pilihan ganda.
Contoh soal Bahasa Jawa ini cocok digunakan untuk melatih siswa siswi kelas 4 persiapan hadapi ujian semester I.
Langsung saja berikut ini kumpulan contoh soal Bahasa Jawa untuk kelas 4 SD.
I. Pilihen wangsulan sing kokanggep paling bener!
1. Tegese tembung-tembung angel geguritan bisa digoleki ana ing .....
A. Buku pintar
B. Buku wacan
C. Bloknote
D. Kamus
2. Tembung asri tegese padha karo ...
A. Kerep B. Endah C. Sepi D. Rame
3. Manawa takon marang wong sing luwih tuwa becike kanthi basa ...
A. Ngoko alus
B. Krama lugu
C. Krama inggil
D. Krama madya
4. Nalika guneman karo kanca sekelas bisa ngunakake basa ....
A. Ngoko alus
B. Krama alus
C. Krama lugu
D. Ngoko lugu
Baca Juga: 5 Pemain Kandidat Peraih Sepatu Emas Golden Boot Piala Dunia 2022 Qatar, striker Inggris Terdepan
5. Pacelathon bisa kalaksanan manawa ditindakake paling sithik....
A. Wong siji B. Wong loro C. Wong telu D. Wong papat
6. Tembung pacelathon asale saka tembung lingga ....
A. Celathon B. Celathu C. Pacelathu D. Celat
7. Tembung adhem iku basa kramane ....
A. Manda-manda B. Benter C. Asrep D. Samadya
8. Tembung swara basa kramane ...
A. Swadaya B. Swarga C. Swanten D. Swabawa
9. Olah-olah iku padha karo tembung ....
A. Mangan B. Masak C. Ngombe D. Ngumbahi
10. Kulo .... simbah rikaladinten Minggu.
Tembung sing pas kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku ...
A. Menyang nggone
B. Tindak dhateng
C. Sowan
D. Kesah dhateng
Wacan kanggo wangsulan nomer 11-16
“Kowe kudu nampa paukuman. Ateges kowe kudu golek ngilmu ana ing Gunung Agung kene. Sawangen iki .....” kandhane Begawan Sidhi Mantra sing wis ilang kesabarane. Apa manèh suwarane bapake sing ngemu pangancam gawe girise Manik Angkeran.
Teken enggal digarisake ana dhasare Gunung Agung. Tilas garis teken mau nuli kasempyok banyu segara. Wusanane saya suwe saya akèh lan saya amba. Gunung aAgung pisah karo Blambangan. Mengkono dumadine pisahe Pulo Jawa lan pPulo Bali. Papan iku sing diarani Selat Bali.
11. Miturut isine crita ing dhuwur kalebu crita ....
A. Legenda B. Fabel C. Sejarah D. Mité
12. Latar papan sajrone crita ing dhuwur yaiku.......
A. Gunung Agung B. Bali C. Jawa Tengah D. Sawah
13. Tokoh sing antuk paukuman ing crita kasebut yaiku .......
A. Sidhi mantra B. Naga C. Manik Angkeran D. Mantra Sidhi
14. Asal-usule Candi Prambanan iku kalebu crita rakyat kang kagolong crita .......
A. Babad B. Dongèng C. Fabel D. Legenda
15. Sajrone crita ana papan kedadeane cita kang uga diarani ......
A. Latar B. Alur C. Paraga D. Tema
16. Judul crita ngisor iki kalebu crita legenda, kejaba .....
A. Dumadine Rawapening C. Asal-Usul Jeneng Pacitan
B. Mulabukane Kutha Boyolali D. Segawon Kang Julik
Wacan kanggo wangsulan nomer 17-20
Waluyo iku bocah kelas IV SD. Dheweke pancen pinter nggambar. Ana ing sedhengah papan deweke mesthi gawe orèk-orèkan. Waluyo uga tau kepilih makili sekolah melu lomba gambar tingkat sekolah dhasar. Nalika melu lomba nggambar, dheweke uga menang lan dadi juwara siji. Saking senenge nggambar, Waluyo ngorek-orek tembok pager sekolahan.
17. Tanggapan sing trep tumrap tumindake Waluya yaiku ......
A. Tumindake Waluyo iku becik amerga dheweke gelem latian nggambar seenggon-enggon
B. Tumindake Waluyo perlu ditiru déning kanca-kancané
C. Tumindake Waluya iku ora pas amarga dheweke nggawe reged tembok sekolah
D. Tumindake Waluyo bisa luwih minterake anggoné nggambar
18. Kabecikan sing bisa ditonton sajrone tumindake Waluyo yaiku .....
A. Dheweke gelem nularake kepinterane anggoné nggambar
B. Bisa ndadekake éndahé tembok sekolahan
C. Nggambar iku kudu digladhi ing ngendi wae kalebu ana ing tembok sekolahan
D. Tansah ngladi apa sing dadi bakate
19. Tumindake waluyo sing ora trep yaiku ..........
A. Sregep latih nggambar
B. Sinau nggambar ing sadhengah papan
C. Nduweni bakat nggambar
D. Ora empan papan anggone sinau nggambar
20. Pamrayoga sing trep marang Waluyo yaiku .......
A. Kudune Waluyo gawe orek-orek ana ing tembok saliyani sekolahan
B. Kudune Waluyo ora ngorek-orek tembok sekolahan amarga ndadekake regete lingkungan sekolah
C. Waluyo kudu gelem ngresiki gambar ing tembok sekolah sawise kanggo latihan
D. Waluyo ora perlu wedi didukani pak guru amarga nduwèke nglatih kapinterane nggambar.***