Contoh Soal Bahasa Jawa kelas 5 SD UTS 1 Lengkap Pilihan Ganda

19 November 2022, 08:15 WIB
contoh soal Bahasa Jawa kelas 5 SD pilihan ganda /unsplash.com

JURNAL NGAWI - Untuk belajar inilah kumpulan contoh soal latihan mata pelajaran Bahasa Jawa untuk kelas 5 SD atau MI.

I. Pilihen wangsulan sing kokanggep paling bener!

Wacan kanggo wangsulan nomer 1-5

Dino minggu Rudi, Rendi, Rafi, Riko, lan Roki arep dolanan ning taman. Rudi, Rendi, Rafi, Riko, lan Roki dolanan delikan ning taman. Kabeh bocah dolanan karo ati bungah. Saliyane dolanan delikan, Rendi dolan mlayu-mlayu karo kancane.

Bubaran dolanan sakbenere Rendi kesel lan ngelak. Mula akhire Rendi lan kancane tuku lan ngombe es krim. Rendi lan kancane mangan es krim neng cedhak lapangan, sinambi ndelok bocah-bocah padha dolanan bal-balan.

Baca Juga: Contoh Soal Bahasa Jawa kelas 4 SD/MI PAS Semester I

1. Tema sing diangkat sajrone teks narasi kasebut yaiku dolanan sing …………
A. Nyenengake B. Mbebayani C. Angel D. Murah

2. Tokoh utama sajrone teks narasi kasebut yaiku ...
A. Rudi B. Rendi C. Rafi D. Riko

3. Jinise alur ing teks narasi kasebut yaiku ......
A. Maju B. Mundur C. Maju-mundur D. Campuran

4. Latar panggonan sing ana sajrone teks narasi kasebut yaiku ....
A. Taman B. Omahe Rendi C. Latar D. Tengah lapangan

Baca Juga: Arti Ngawi Viral TikTok dan Makna Sesungguhnya dalam Sejarah Berdirinya Kabupaten Ngawi di Jawa Timur

5. Sing ono ning teks narasi kasebut bocah-bocah dolanan ...
A. Delikan C. Delikan karo bal-balan
B. Delikan lan mlayu-mlayu D. Delikan, bal-balan, lan mlay-mlayu

6. Nalika ngalami sawijine kedadean kang nyedihake, becik bisa.....
A. Meneng wae C. Njipuk hikmahe
B. Muni-muni D. Nyalahake wong liya

7. Reno wis sukses anggone angon wedhus. Kedadean iki bisa dadi piwulang supaya ....
A. Dadi wong kang adigang C. Ditularke marang wong liya
B. Disimpen dewe D. Ora perlu dibaleni

8. Sing perlu ditemtokake sepisanan nalika arep nulis crita bab kedadean yaiku ....
A. Tema karangan C. Cengkorongan karangan
B. Paraga karangan D. Alur karangan

9. Kedadean sing kuang nyenengake bisa dadi piwulangan yaiku kaya ing ngisor iki, kejaba ....
A. Luwih ati-ati C. Ngitung-itung sadurunge tumindak
B. Luwih waspada D. Mbaleni kedadean sing padha

Wacan kanggo wangsulan nomer 10-15

Sekaten (saking tembung Syahadatain utawa kalih tembung syahadat) inggih menika acara mengeti ambal warsanipun Nabi Muhammad s.a.w. sing diwontenaken ing saben tanggal 5 sasi Jawa Mulud (Rabiul awal tahun Hijrah) ing alun-alun lor Surakarta lan Yogyakarta. Upacara meniki kala biyen diwontenaken kalih Sultan Hamengkubuwana I, pandiri keraton Yogyakarta kangge ngundang masyarakat mlebet agami Islam.

Ing hari sapisan, upacara diwiwiti ing dinten dalu kalih iring-iringan abdi Dalem (punggawa kraton) sami-sami diiringi kalih set gamelan Jawa: Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu. Iring-iringan meniki kawiwitan saking pendopo Ponconiti tekan masjid Agung ing alun-alun lor dikawal kalih prajurit Kraton. Kyai Nogowilogo badhe manggoni sisih lor saking masjid Agung, sementara iku Kyai Gunturmadu badhe manggoni ing Pagongan sisih kidul masjid. Kalih set gamelan iku badhe dimainke sesarengan nganti tanggal 11 wulan Mulud suwine 7 dinten katurut-turut. Ing dalu dinten keri dewe, kalih gamelan niki badhe dibeta wangsul ing Kraton.

10. Upacaa sekaten iku dianakake ana ing kutha ....
A. Kartasura C. Surakarta
B. Ngayogya D. Surakarta lan Yogyakarta

11. Sekaten dianakake mbarengi wiosane ....
A. Nabi Muhammad C. Raja surakarta
B. Para wali D. Kyai Nogowilogo

12. Anggone nabuh gamelan sekaten surakarta iku mapan ana ing .....
A. Mesjid Agung C. Njero mesjid Agung
B. Sasana paseban D. Alun-alun lor

13. Upacara diwiwiti ing dinten dalu kalih iring-iringan sing diiringi set gamelan .....
A. Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu C. Kyai Nogowilogo
B. Kyai Gunturmadu D. Abdi Negara

14. Suwine set gamelan dimainkan yaiku ....
A. 5 dino B. 6 dino C. 7 dino D. 12 dino

15. Gamelan-gamelan sing digawe upacara sekaten disimpen maneh ing ....
A. Omah B. Kraton C. Masjid D. Alun-aun

16. Lafal tembung-tembung nalika maca teks pawarta kudu cetha. Lafal uga diarani .....
A. Intonasi B. Pocapan C. Ekspresi D. Jeda

Baca Juga: Tutorial MS Word; Cara Cepat Rapikan Tulisan Berantakan di Microsoft Word Cukup 4 Langkah Selesai

17. Cendhek dhuwure irama nalika maca kudu pas. Cendhek dhuwure irama uga diarani ....
A. Intonasi B. Pocapan C. Ekspresi D. Jeda

18. Bu guru sampun .... nalika kula nembe dugi.
Tembung sing bener kanggo ngenepi ukara ing dhuwur yaiku ....
A. Rawuh B. Teka C. Dugi D. Dhateng

19. Rudi tuku HP anyar. Ukara iku kalebu....
A. Krama alus B. Krama madya C. Ngoko alus D. Ngoko lugu

Baca Juga: Tutorial MS Word: Cara Cek Typo Skripsi Cukup 3 Detik Semua Masalah Teratasi Baca Juga: Tutorial MS Word: Cara Cek Typo Skripsi Cukup 3 Detik Semua Masalah Teratasi

20. Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama alus yaiku ...
A. Ibu mundhut bayem dhateng Pasar C. Ibu tumbas bayem dhateng Pasar
B. Ibu tuku bayem dhateng Pasar D. Ibu mundhut bayem ning Pasar.***

Editor: Zayyin Multazam Sukri

Tags

Terkini

Terpopuler