Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Tema Malam Lailatul Qodar Mudah Dipahami

21 Maret 2022, 14:39 WIB
Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Malam Lailatul Qodar yang singkat padat mudah di pahami /

JURNAL NGAWI - Berikut ini contoh pidato singkat menggunakan bahasa jawa bertemakan Malam Lailatul Qodar cocok buat belajar berpidato.

Contoh pidato singkat ini menggunakan bahasa jawa halus yang bisa digunakan untuk belajar berpidato di dalam kelas atau di lingkungan sekolah.

Contoh pidato ini mengambil tema tentang malam lailatul qodar yang sangat mulia dimana datang di 10 hari terakhir di bulan suci ramadhan.

Sebelum menuju ke contoh pidato bahasa jawa mari sedikit mengenal tentang pidato itu apa.

Baca Juga: Gibran Rakabuming Walikota Solo Isolasi Madiri Berminggu-minggu Kenapa? Ini Alasannya

Dirangkum dari berbagai sumber, pidato adalah kegiatan menyampaikan pesan menggunakan lisan atau tulisan kepada khalayak umum.

Dalaam berpidato, seseorang bisa menyampaikan berbagai hal sesuai dengan tujuan yang diinginkan.

Sekarang langsung saja menuju ke contoh pidato singkat bahasa jawa tentang Malam Lailatul Qodar.

Baca Juga: BMKG Prediksi 3 Hari Kedepan Madiun, Magetan, Bojonegoro dan Sekitarnya Diguyur Hujan Hingga Angin Kencang

Assalamualaikum Wr Wb

Ingkang kawula hormati bapak ibu guru ingkang rawuh teng kelas puniko.

Sepindah monggo kita kita sesarengan raosaken puji syukur dumateng Allah SWT ingkan maringi pinten-pinten kenikmatan sahinggo kita sedoyo saget rawuh makempal dhateng mriki.

Sholawat soho salam katunjuk katur dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun.

Parasederek engkang dipun rahmati Allah, wonten ing wekdal punika kulo bade aturaken babagan Lailatul Qodar, setunggaling malem ingkang dipun mulyakaken dening Allah SWT.

Satunggaling malem punika anugrah saking Alloh tumrap insan beriman ingkang bobotipun tanpa upami. Kados ingkang sinebat wonten ing AL Quran surat Al-Qodar ; 1-5, wondene asbabun nuzul utawi sebab sebab tumurunipun Lailatul QOdar inggih punika midherek satunggaling hadits riwayat Ibnu Jarir ingkang asalipun saking mujahid inggih punika bilih ingkang jamanipun Bani Israil wonten satunggaling tiyang jaler ngkang anggenipun ngibadah wiwit wekdal ndalu dumugi enjangipun, lajeng jihad nglawan musuh ing siangipun.

Lelalmpahan wau dipun laksanakaken ngantos 1000 (sewu) sasi. Tumunten lajeng Alloh Nurunaken surat Al Qodar ingkang negesaken bilih satunggal dalu malem lailatul qodar ingkang sae tinimbang ibadahipun 1000 sasi tumrap Bani Israil wau.

Kangge ngadepi Malam Lailatul Qodar, Rosululloh SAW paring toldan, sabuk dipun kencengaken, keluwarga dipun gigah, dipun ajak ngathah-ngathahaken ngibadah.

Ade sudaryat mbagi tingkatan tingkatan penerimaan Lailatul Qodar dado tigang perangan inggih punika, setunggal ingkang paling inggil, inggih punika lailatul qodar ingkang saged kegayuhan dening para nabi lan rosul.

Kaping kaleh, tingkatan cukup inggil inggih punika lailatul qodar ingkang saget kegayhan dening para ulama sufi. Kaping tigo tingkatan awam inggih punika tiyang awam ingkang saget nggayuh kautaman laulatul qodar jiwanipun badhe istiqomah anggenipun nglaksanakaken dhawuh gusti Alloh lan nebihi laranganipun.

Para hadirin ingkang dipun rahmati Allah. Kulo raos cukup semanton pidato ingkang kulo aturaken, menawi wonten kesalahan kulo nyuwun pangapuntun.

Wassalamualaikum WR wb.

Baca Juga: Contoh Teks Pidato dalam Bahasa Indonesia Tema Bulan Ramadhan, Simak Urutannya

Demikian contoh pidato bahasa jawa yang singkat dan padat tentang Malam Lailatul Qodar yang mudah dipahami. Semoga bermanfaat.***

Editor: Zayyin Multazam Sukri

Tags

Terkini

Terpopuler