Contoh Kultum Ceramah Bahasa Jawa Singkat Tema Keagungan Nabi Muhammad SAW

- 5 April 2022, 10:27 WIB
Ilustrasi,. Contoh kultum singkat menggunakan bahasa jawa
Ilustrasi,. Contoh kultum singkat menggunakan bahasa jawa /zayyin multazam sukri/pixaby jurnalngawi

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Poro bapak poro ibu ingkang kawulo hormati,

Monggo kulo lan panjenengan sedoyo sami manjataken raos syukur Alhamdulillah dhateng ngarsanipun Gusti Alloh kang Moho Agung, dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, lan kanikmatan dhumateng kito sedoyo sehinggo kito saged makempal wonten ing majelis puniko kanthi sehat wal ‘afiyat.

Poro rawuh ing dinten meniko monggo kito niat ibadah dhateng Gusti Pangeran, niat ta’dzim utawi ngormati dinten kelairanipun kanjeng Nabi Agung Muhammad.

Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken,

Junjungan kito Nabi Muhammad SAW meniko Nabi ingkang nggadhahi sifat kemanusiaan ingkang paling sae lan paling sempurno. Dene ingkang paling menonjol sifatipun kanjeng Nabi inggih meniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo.

Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, 

Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, kanjeng nabi saged mbangun mental bangsa Arab saking jaman jahiliyah nuju jaman islamiyah, kito sampun mangertos wonten kitab-kitab sejarah Islam, bilih saderengipun kanjeng Nabi lair dipun watoni jaman jahiliyah utawi jaman kebodohan. Bangsa Arab ing jaman meniko dereng mengenal sinten Pangeran ingkang disembah, tiyang-tiyang sami nyembah kayu, watu, nyembah berholo, ngumbe arak, maen judi, lan sanesipun sampun kulina, keranten dereng mengenai kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan haram. 

Pancene menawi dipun maknani, main niku maknanipun maunya enak tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi judi maknane sing maju dadi. Dadi nopo? Dadi wong melarat. Semanten ugi kertu, duit ing sengker dadi metu. Asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroning sak.

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi remi maknane njareme lami. Tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Barang nek kalah, njareme lami, suwe. Mulane kanjeng Nabi terus dipun utus wonten ing tengah-tengah kebodohan tiyang Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. 

Halaman:

Editor: Zayyin Multazam Sukri


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah