15+ Contoh Soal Bahasa Jawa Kelas 5 SD MI Persiapan UAS

- 4 Mei 2023, 09:29 WIB
Contoh soal Bahasa Jawa Sekolah Dasar
Contoh soal Bahasa Jawa Sekolah Dasar /

JURNAL NGAWI - Berikut contoh soal Bahasa Jawa kelas 5 SD atau MI untuk persiapan Ujian Akhir Semester.

Para pendidik inilah kumpulan contoh soal Bahasa Jawa yang dirangkum jurnalngawi.com untuk kelas 5 SD atau MI.

Ada 15 lebih contoh soal Bahasa Jawa dalam bentuk pilihan ganda yang bisa digunakan untuk memberikan latian murid dalam hadapi UAS.

 

Baca Juga: Kumpulan Contoh Soal Bahasa Indonesia Kelas 6 SD Persiapan UAS

Baca Juga: Kumpulan Contoh Soal Tes Tulis PPK Pemilu 2024 Tentang UU Kepemiluan Lengkap Kunci Jawaban dan Pembahasan 

Inilah contoh soal Bahasa Jawa untuk kelas 5 SD/MI.

I. Pilihen wangsulan sing kokanggep paling bener!

1. Dheskripsi tegese ....

A. Ngambarake nganggo samubarang
B. Ngambarake nganggo basa
C. Ngambarake nganggo awak

2. Salah siji titikane wacan dheskripsi, yaiku...

A. Kedadean nganggo urutan wektu
B. Ngambarake kedadean kanthi cetha
C. Pamaca ora bisa ngambarake
D. Isine cara gawe utawa carane nganggo barang

3. Endahe taman bisa dibeberake nganggo paragraf…………

A. Dheskripsi B. Narasi C. Persuwasi D. Eksposisi

4. Yen wayah ngembang bareng, tetanduran kembang ing latarku kaya ...

A. Kolam B. Sekolah C. Taman D. Pasar

5. Kanggo ngelestarekake ekosistem sing seimbang, bocah-bocah kudu mbuwang uwuh ing ...

A. Kali B. Panggon uwuh C. Ngarep omah D. Pasar

6. Embun-embun kang nelesi gegodhongan saya suwe ilang ... amarga srengenge sansaya panas.

A. Nguwap B. Nyair C. Nglungsungi D. Umup

7. Saben liwat pinggir tegalan, tanduran para tani sinawang katon ...

A. Gemrijik B. Adhem C. Ijo royo-royo D. Wangi

8. Nalika maca teks dheskripsi patrape awak sing bener ....

A. Sikile mbegagah C. Kakean obah
B. Sirahe ndingkluk D. Ngadeg jejeg

9. Menehi tanggepan kudu adhedhasar rasa kang ...

A. Objektif C. Subjektif
B. Sawenang-wenang D. Sesenenge

10. Wah, tulisanmu ngenani teks dheskripsi iki apik banget, amarga ......saengga aku kaya-kaya ana ing setengahe desa kuwi.
Alesan kang trep kanggo ngiseni cecek-cecek ing dhuwur, yaiku .....

A. Aku kancamu saengga ngerti kekarepanmu
B. Tulisanmu jare bapakku pancen apik
C. Nek ora tak alembana kowe mundak nesu
D. Babagan sing kokgambarake ing kene rep karo kahanan sanyatane ing desamu.

11. Basa kang endah utawa basa sastra, endahe karana dipaesi utawa dirumpaka diarani basa ....

A. Krama B. Krama alus C. Bagonga D. Rinengga

12. Ing ngisor iki klebu jenise basa rinengga, kajaba ....

A. Geguritan B. Teks dheskripsi C. Pawayangan D. Drama

13. Polahe wong kutha kaya gabah ....

A. Kabur kanginan B. Dionceki C. Dikumbah D. Diinteri

14. Alise kaya ....

A. Blarak sempal C. Mbulan sabit
B. Jambe sinigar D. Ndamar kanginan

15. Tangane cinandra ....

A. Nawon kemit C. Ngandhan-andhan
B. Lantip D. Nggendhewa pinenthang

Demikian contoh soal Bahasa Jawa untuk kelas 5 SD atau MI persiapan UAS.***

Editor: Zayyin Multazam Sukri


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah