Kumpulan Ucapan Selamat Puasa Ramadhan Bahasa Jawa Cocok Jadi Status WA atau Instastory

- 25 Maret 2022, 14:57 WIB
Ilustrasi berikut ini kumpulan kata-kata ucapan selamat puasa bulan ramadhan bahasa jawa
Ilustrasi berikut ini kumpulan kata-kata ucapan selamat puasa bulan ramadhan bahasa jawa /PIXABAY/mohamed_hassan

Nadyan netra tansasmita, lathi tanwicara, hamung aksara tinata minangka duta. Bebeging manah nyuwun gunging pangapurandika lan sugeng nglaksanakaken siam romadhon

Baca Juga: Contoh Pembawa Acara Pranatacara Bahasa Jawa untuk Megengan Atau Sambut Bulan Ramadhan

Gilir gumanti padhang tetrawangan ing wayah ratri. Kawula ngaturaken sugeng karaharjan, rena ing penggalih kawula nyuwun agunging samudra pangaksama lahir trusing batos, mugiya tansah winengku ing karahayon lan widada ing sambikala, sugeng nglaksanakaken siam romadhon

Srengenge anggawa pangarep-arep, silaturahim kanggo lantaran rumakete ati. Kita sedaya caos pangapura kanthi mantep nglaleake kalepatan liyan gawe tentreme ati, sugeng nglaksanakaken siam romadhon

Juminten mbeber kloso, Dodol kupat ngarep gapuro. Ing wulan poso meniko, menawi lepat kulo nyuwun ngapuro. Mugi-mugi Allah maringi pepadang kagem sedoyo...

Mlaku-mlaku ning Malioboro Menawi sayah numpak becak luwih sekeca, Sugeng sugeng nglaksanakaken siam romadhon kagem panjenengan sedaya Sagung kalepatan nyuwun diparingi pangapura

Sucineng ati, tumatining laku, ngaturaken sugeng sugeng nglaksanakaken siam romadhon bilih wonten kalepatan nyuwun agungi samudro pangaksami

Baca Juga: Beberapa Artis Korea yang Resmi Bergabung dengan Agensi Baru, Apa Sebabnya

Kulo nyuwun gunging pangapunten sedanten kalepaten lahir dumugi ning batos boten langkung ngaturaken sugeng sugeng nglaksanakaken siam romadhon, mugi Gusti Allah Ingkang Kuoso paring ridho lan rahmatipun dumateng kito sedoyo. Amien

Ngaturaken sugeng sugeng nglaksanakaken siam romadhon. Nyuwun gunging pangapunten. Mugi kito kanugrahan jatining fitrah saking gusti ingkang Maha Mirah. Amin.

Halaman:

Editor: Zayyin Multazam Sukri


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah