Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Mengambil Berkah di Bulan Ramadhan

- 31 Maret 2022, 13:55 WIB
Berikut naskah khutbah Jumat bahasa jawa tentang keberkahan di bulan ramadhan
Berikut naskah khutbah Jumat bahasa jawa tentang keberkahan di bulan ramadhan /Pixabay/Shafin_Protic/

فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ خَالِقِ اْلأَنَامِ ، تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّـلاَمِ ، فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ ، يـَا أَيُّـهَـا الَّـذِيْـَن أمَـنُوْا كُـتِـبَ عَـلَـيْـكُـمُ الـصِّـيـَامُ كَمَـا كُـتِـبَ عَلَى الَّـذِيْـنَ مـِنْ قَـْبـلِـكـُمْ لَـعَـلَّـكُـمْ تَـتَّـقُـوْنَ

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Manggo tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah kanti berusaha supados ibadah kito soyo meningkat, sedoyo perintahipun Allah kanthi sekuat tenaga sageto kito lampahi serto ambudi daya amrih sedaya awisanipun saget kitho tilar, minongko dados tekad soho sarono kitho sedoyo angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ing pangangkah kitho sedoyo kalebet kawulo-kawulo nipun Allh ingkang tansah tumidak sahe soho pinaringan khusnul khatimah.

Kados dawuhipun Allah :

يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

“He wong wong kang pada iman, Pada wediyo siro kabeh ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan ojo mati temenan siro kabeh kejobo siro kabeh dadi wong Islam” .(QS. Ali Imran 102).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Mboten dangu malih kitho sampun bade lumebet ing wulan suci Ramadhan, sak mestinipun kitho cawis cawis kangge anggayuh pinten-pinten kaberkahan wonten saklebetipun wulan romadhan. Gegayutan kalian meniko, monggo kito penggalih dawuh kanjeng Nabi Agung Muhammad shollallu Alaihi wa Sallam ingkang kasebat wonten ing kitab Nashoihul ‘Ibad karya Imam Nawawi al-Bantani;

يا أَبَا ذَرٍّ ، جَدِّدِ السَّفِيْنَةَ فَإِنَّ اْلبَحْرَ عَمِيْقٌ ، وَخُذِ الزَّادَ كَامِلاً فَإِنَّ السَّفَرَ بَعِيْدٌ ، وَخَفِّفِ اْلحِمْلَ فَإِنَّ العَقَبَةُ كَئُوْدٌ ، وَأَخْلِصِ اْلعَمَلَ فَإِنَّ النَاقِدَ بَصِيْرٌ

“He Abu Dzar, dandanono perahu(mu), krono segorone jeru banget, ngalapo sangu sing sempurno (akeh), krono lungomu(mu) adoh banget, entengno momotanmu, krono dalane angel, ikhlasno anggonmu ngamal, krono Gusti Alloh moho pirso”

Halaman:

Editor: Zayyin Multazam Sukri

Sumber: nuponorogo.or.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah