Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Mengambil Berkah di Bulan Ramadhan

- 31 Maret 2022, 13:55 WIB
Berikut naskah khutbah Jumat bahasa jawa tentang keberkahan di bulan ramadhan
Berikut naskah khutbah Jumat bahasa jawa tentang keberkahan di bulan ramadhan /Pixabay/Shafin_Protic/

Dawuh pangandikan saking Kanjeng Nabi meniko, senahoso secara khusus mboten berkaitan kalian wulan Ramadhan, ananging saget kita ngalap pelajaran kagem mempersiapkan diri ngadepi kamulyan soho kaberkahan wonten saklebetipun wulan Ramadhan. Dawuh kanjeng Nabi meniko mengku sekawan perkawis utawi pelajaran, inggih puniko:

جَدِّدِ السَّفِيْنَةَ فَإِنَّ اْلبَحْرَ عَمِيْقٌ )dandanono perahu(mu), krono segorone jeru banget(
Tumrap wongkang arep numpak kapal, mongko kapale kudu diteliti, rusak opo ora. Artosipun kapal/perahu kudu dipastekne waras, ora rusak sebab arep digawe nglayar ono tengahe segoro kang jeru. Bahaya sanget menawi nglayar utawi nyebrang segoro mawi perahu ingkang rusak, tamtu sedoyo penumpangipun bade ngadepi beboyo yoiku kerem wonten tengahe segoro. Dawuh meniko merupakan sanepan/kiasan, bilih tiyang meneko sakderenge nandangi setungalipun amal, kedah dipun toto niatipun. Niatipun kedah lurus, murni pados ridanipun Alloh Subhanahu wa Taala. Semanten ugi, naliko kito nindakaken shiyam wonten saklebetipun wulan Ramadhon, monggo dipun toto niat kito mligi murih ridhanipun Allah. Kanjeng Nabi Muhammad shollallu Alaihi wa Sallam dawuh:

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

“sopo wahe nindakne poso romadhon atas dasar iman lan amrih ridho saking gusti Allah,mongko kabeh dosane kang wis kliwat bakal diapuro (deneng Allah)”

Hadits meniko paring piwulang ingkang lua biasa, bilih menawi kito kepengin poso romadhan ingkang kito tindakaken saget anglebur doso-doso ingkang sampun kliwat, mongko niat kito nindakaken shiyam romadhan kedah dipun dasari iman dan murni pados ridhonipun Allah. Kito yakin lan percoyo kanthi sanget bilih shiyam meniko perintahipun Allah dateng kito. Minongko kawulo ingkang sahe, kito sedoyo namung saget “sendiko dawuh” (sami’na wa atho’na). Ugi saklebetipun nindakaken shiyam, kito kedah noto niat, namung pados ridhonipun alloh, mboten krono nopo-nopo.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

وَخُذِ الزَّادَ كَامِلاً فَإِنَّ السَّفَرَ بَعِيْدٌ
“ngalapo sangu sing sempurno (akeh), krono lungomu(mu) adoh banget”

Poro ulama sepakat bilih dawuh meniko merupakan sanepan/kiasan. Artosipun, Kranten tujuan ingkang utomo saking perjalanan hidup meniko kehidupan akherat ingkang berliku, kathah tantangan, godaan soho hambatanipun, pramilo kitho kedah cepak-cepak sangu ingkang kathah, inggih meniko nindakaken amal kesahenan, kebejikan, ibadah, sami ugi ibadah mahdhoh utawi sanesipun (ghoiru mahdhoh). Wonten saklebetipun wulan ramadhan, kranten Gusti Alloh paring bonus ganjaran ingkang matikel-tikel, monggo kita ginaaken kagem ngathah-ngathaken ibadah kagem persiapan soho nglempakaken bekal/sangu kagem sowan dateng ngarsanipun Alloh SWT.

وَخَفِّفِ اْلحِمْلَ فَإِنَّ العَقَبَةُ كَئُوْدٌ، (entengno momotanmu, krono dalane angel).
Dawuh kanjeng Nabi meniko ugi merupakan sanepan/kiasan bilih ingkang dipun maksud muatan/momotan meniko urusan dunyo lan doso. Artosipun, sampun ngantos perjalanan ingkang awerat soho tebih tumuju dateng keselametan gesang wonten ing akherat meniko, keganggu kalian urusan donyo lan doso. Sampun ngantos urusan dunyo, pendamelan, makaryo ngganggu anggen kitho ngibadah dateng ngarsanipun Alloh. Langkung-langkung wonten saklebetipun wulan ramadhon, Alloh paring bonus ganjaran ingkang kathah meniko, sampun ngantos dipun kawonaken kalihan urusan dunyo ingkang berlebihan. Semanten ugi, wulan romadhan ingkang kebak maghfiroh utawi pengampunan saking ngarsanipun Alloh, monggo kito manfaataken kagem nyuwun pangapunten, taubat soho istighfar dateng ngarsanipun Alloh SWT. Sedoyo puniko namung purih supados perjalanan kito sowan dateng ngarsanipun Allah dipun paringi lancar mboten manggihi rintangan soho alangan ingakang langkung penting malih dipun paringi roso enteng nindakaken ibadah lan dipun tampi deneng Alloh SWT.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Halaman:

Editor: Zayyin Multazam Sukri

Sumber: nuponorogo.or.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah