Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Jelang Bulan Suci Ramadhan

- 23 Maret 2022, 08:31 WIB
ilustrasi. Berikut ini naskah khutbah jumat mengambil tema menyambut bulan suci ramadhan
ilustrasi. Berikut ini naskah khutbah jumat mengambil tema menyambut bulan suci ramadhan /pixabay.com/smuldur

Kados dawuhipun Allah :

يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

“He wong wong kang pada iman, Pada wediyo siro kabeh ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan ojo mati temenan siro kabeh kejobo siro kabeh dadi wong Islam” .(QS. Ali Imran 102).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mboten dangu malih kita sampun bade lumebet ing wulan suci Ramadhan, sak mestinipun kita cawis cawis kangge ngadepi kewajiban kita nindakaken shiyam wonten wulan romadhon. Sikap mental lan manah kita kedah dipun siapaken, jalaran mboten sekedik umat Islam ingkang nampi kewajiban siyam Ramadhan punika kanti kepekso. Pramila mangga kita adepi wulan suci lan kwajiban punika kanti manah bingah saha ridla, remen nindakaken kwajiban saking ngarsanipun Allah. Sebab bingah kemawon sampun ageng faedahipun, Kanjeng Nabi sampun dawuh :

مَـنْ فـَرِحَ بــِدُخُوْلِ رمضانَ حَرَّمَ اللهُ جَسَدَهُ عَلىَ النِّيْرانِ

“Sing sopo wonge bungah sebab tekane wulan Ramadlan, mangka Allah ngaramake jasade wong kui sangka siksa neraka”

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Kanjeng Nabi Muhammad SAW, wonten akhir bulan sya’ban, biasanipun ndawuh aken:

يـاأَيـُّهـَاالـنَّـاسُ قَــدْ أَظَـلَّــكُـمْ شَــهْـرٌ عَـظِــيْـمٌ مُـبــارَكٌ شَــهْـرٌ فِــيْـهِ لـَـيْـلَـةُ الْــقَــدْرِ خَـيْـرٌ مِـنْ ألــفِ شَــهْـرٍ, جَـعَـلَ اللـهُ صِـيـَـامَـه فَـرِيـْـضَـةً , وقـيــامَ لَـيْـلِـهِ تـَطَـوُّعـًا مَـنْ تَـقَــرَّبَ فـيـه بـِخَـصْـلَـةٍ مِـنْ خِـصـَـالِ الْـخـَيْر كَانَ كَـمَـنْ أَدَّى فـَريــضَـةً فِـيـمـا سِـوَاهُ و مَـنْ أَدَّى فـَريــضَـةً كَان كَـمَـنْ أَدَّى سَـبْعِـيْـنَ فَـرِيـْـضَـةً فـيـمـا سـواه ,هُـوَ شَــهْـرُ الـصَّــبْـرِ وَ الـصَّــبْـرُ ثـَواَبـُه الـجَـنّة ُ, وشـهــر الـمُـواسـاةِ وشـهــرٌ يـُــزَادُ فـيـه الـرِّزْقُ

Halaman:

Editor: Zayyin Multazam Sukri

Sumber: nuponorogo.or.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah