Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Jelang Bulan Suci Ramadhan

- 23 Maret 2022, 08:31 WIB
ilustrasi. Berikut ini naskah khutbah jumat mengambil tema menyambut bulan suci ramadhan
ilustrasi. Berikut ini naskah khutbah jumat mengambil tema menyambut bulan suci ramadhan /pixabay.com/smuldur

”He poro manungso, Temenan bakal tumeko sawijining wulan kang agung, kang dibarokahi , kang mayungi marang siro kabeh, yoiku wulan Ramadhan, ing wulan Ramadhan kuwi ana sawijining wengi kan diarani Lailatul Qadar, kang kautamane ngungkuli sewu wulan, Allah wis majibake poso ing sasi kuwi, lan disunatake shalat wengi ing sasi kuwi, sing sopo wonge taqarrub ngibadah amrih caket marang Allah, ana ing sak sejerone wulan mau, kelawan ngamal ngamal ibadah sunnah mangko koyo nindakake ibadah fardlu ing sak jerone sasi liyane, Lan sing sopo wongwe ngibadah fardlu siji ing wulan Ramadhan, mangka koyo koyo ngibadah pitung puluh fardlu ing sasi liyane . Lan sasi Ramadhan iku sasi sabar, dene sabar iku ganjarane swargo, Ramadhan iku sasi kang kanggo asih asihan, Lan sasi Ramadhan iki mangsane ditambahi peparinge rizki” (HR.Ibnu Khuzaimah,lan Baihaqi).

Saget dipun simpulaken, saking welasipun dateng kita, wonten wulan Romadhon Gusti Allah paring obral ganjaran. Ibadah Sunah dipun tikel-tikelaken ganjaripun kados ibadah fardhu. Ngelakoni ibadah fardhu ganjare ditikel-tikelaken ngantos ping pitungpuluh (70). Semanten agung kanugrahan peparingipun Allah ingkang kaparingaken ing sak lebetipun wulan Ramadlan, tentu eman sanget tumrap tiyang mukmin menawi ngantos mboten nampi lan nanggapi kanugerahan ageng paringipun Allah menika.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Gegayutan kalihan persiapan kita sedoyo kagem menyambut bulan ingkang mulyo meniko, mumpung taksih wonten ing wulan sya’ban, monggo kita ngestukne dawuh kanjeng Nabi Muhammad SAW:

مَن عَـظَّـمَ شَــعْـبـَـانَ وَاتَّـقَى اللهَ تـعــالى وَعَـمِـلَ بِـطَـاعَــتِـهِ وَأَمْـسَـكَ نَـفْــسَـــهُ عَـنِ الـمَـعْـصِـيـَّةِ غَـفَرَ اللهُ تـعــالى ذُنُـوبـه وَأَمَــنَــهُ مِـنْ كُلِّ مَــا يـَـكـُـوْنُ فِى تـلـك الــسَّــنَــةِ مِـنَ الْـبَـلا يـَـا وَالْأَمْرَضِ

“Sing sapa wonge ngegungake wulan Sya’ban sarana taqwa marang Allah Ta’ala, lan ngamal tha’at marang Allah, uga nahan nafsune sangka ma’shiyat, mangka Allah bakal paring pangapura marang dosa dosane, lan Allah bakal paring slamet sekabehe bala’ bencana lan pirang pirang penyakit kang kedadean ing tahun kuwi” .

Dawuhipun kanjeng Nabi menika, paring pelajaran dateng kita, minongko bentuk penghurmatan dating wulan sya’ban ugi dalam rangka mapak rawuhipun wulan suci Ramadan, mongga kita sami mempersiapkan diri, kanti ningkataken takwa, ningkataken ibadah saha nebihi saking sedoyo maksiyat. Kanthi nindakaken amalan ingkang kados mekaten menika wiwt wulan sya’ban, ingsyaalloh, kita bade dipun paringi enteng saha istiqomah nindakaken ibadah wonten saklebetipun wulan ramadhan, ing akhiripun estu-estu kita saget berhasil anggayuh inti ibadah syiyam ramadhan, injih meniko kalebet kawulanipun Alloh ingkang bertakwa. Amin-Amin Ya Rabbal Alamin.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Mugi mugi Allah maringono pitulung lan pitedah dateng kita sedaya, saget tumandang nindakaken jejibahan shiyam kanti enteng lan maqbul ing ngarsanipun Allah Ta’ala.

بارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ* وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ* إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ * قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ اْلقائِلِيْنَ* أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ* بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ * مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً* وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ*

Halaman:

Editor: Zayyin Multazam Sukri

Sumber: nuponorogo.or.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah