Contoh Naskah Sambutan Ketua Panitia Buka Bersama Bahasa Jawa Singkat

- 23 Maret 2022, 18:45 WIB
Ilustrasi buka bersama. Berikut ini contoh naskah sambutan ketua panitia buka bersama menggunakan bahasa jawa
Ilustrasi buka bersama. Berikut ini contoh naskah sambutan ketua panitia buka bersama menggunakan bahasa jawa /Antara/Munawir Aziz/

Alhamdulillaahi robbil ‘alamiin, wassolaatu wassalaamu’alaa asrofil anbiyaa ii wal mursaliin sayyidina muhammadin, wa’ala alihi wa’ashabihi ajma’in, robbi srohli sodri wahsirli amri wahlul ukdatammi lisaani yafkohul kauli amma ba’du.

Wonten ngarsanipun Bapak/Ibu Guru Sekolah ........, ingkang dahat kinurmatan.

Ingkang kawulo hormati …………… ( rumah yg ditempati untuk buka bersama)

Poro rencang sedoyo ingkang kulo tresnani sanget.

Sepindah monggo kito aturken raos puji syukur ngarsanipun Alloh SWT, engkang sampun pareng Rahmat lan karunianipun dumateng kito sedoyo. Sahinggo kito saged makempal ing adicoro puniko kanti mboten manggihi alangan satunggal punopo.

Sholawat kalian salam monggo sami kito haturaken dumateng Baginda Nabi Muhammad SAW engkang kito antu-antu syafa’atipun wonten ing Yaumil Qiyamah. amin

Keparing matur, kawulo ing mriki wakil panitia buka bersama, sepindah ngaturaken agunging panuwun dumateng sohibul bait nggeh puniko (Sebutkan nama pemilik rumah) amargi sampun purun nampi kito sedaya lan sampun maringi papan palenggahan lan pasugatan dumateng kito sedaya.

Kaping kalihipun kawulo makili rencang-rencang sedaya nyuwun agunging samudro pangaksami dumateng sohibut bait, mbok bilih wonten tindak tanduk ingkang mboten trep utawi kito sedaya sampun ngrepoti dumateng sohibut bait.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih kathah keklentuanipun anggen kula matur kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Halaman:

Editor: Zayyin Multazam Sukri


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah