Contoh Kultum Ceramah Malam Lailatul Qadar Bahasa Jawa

- 14 April 2022, 11:21 WIB
Ilustrasi berikut contoh ceramah malam lailatul qadar bahasa jawa.
Ilustrasi berikut contoh ceramah malam lailatul qadar bahasa jawa. // chiplanay/ Pixabay

Sepindah monggo kita kita sesarengan raosaken puji syukur dumateng Allah SWT ingkan maringi pinten-pinten kenikmatan sahinggo kita sedoyo saget rawuh makempal dhateng mriki.

Sholawat soho salam katunjuk katur dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun.

Parasederek engkang dipun rahmati Allah, wonten ing wekdal punika kulo bade aturaken babagan Lailatul Qodar, setunggaling malem ingkang dipun mulyakaken dening Allah SWT.

Satunggaling malem punika anugrah saking Alloh tumrap insan beriman ingkang bobotipun tanpa upami. Kados ingkang sinebat wonten ing AL Quran surat Al-Qodar ; 1-5, wondene asbabun nuzul utawi sebab sebab tumurunipun Lailatul Qodar inggih punika midherek satunggaling hadits riwayat Ibnu Jarir ingkang asalipun saking mujahid inggih punika bilih ingkang jamanipun Bani Israil wonten satunggaling tiyang jaler ngkang anggenipun ngibadah wiwit wekdal ndalu dumugi enjangipun, lajeng jihad nglawan musuh ing siangipun.

Lelampahan wau dipun laksanakaken ngantos 1000 (sewu) sasi. Tumunten lajeng Alloh Nurunaken surat Al Qodar ingkang negesaken bilih satunggal dalu malem lailatul qodar ingkang sae tinimbang ibadahipun 1000 sasi tumrap Bani Israil wau.

Kangge ngadepi Malam Lailatul Qodar, Rosululloh SAW paring toldan, sabuk dipun kencengaken, keluwarga dipun gigah, dipun ajak ngathah-ngathahaken ngibadah.

Ade sudaryat mbagi tingkatan tingkatan penerimaan Lailatul Qodar dados tigo perangan inggih punika, setunggal ingkang paling inggil, inggih punika lailatul qodar ingkang saged kegayuhan dening para nabi lan rosul.

Kaping kaleh, tingkatan cukup inggil inggih punika lailatul qodar ingkang saget kegayhan dening para ulama sufi. Kaping tigo tingkatan awam inggih punika tiyang awam ingkang saget nggayuh kautaman laulatul qodar jiwanipun badhe istiqomah anggenipun nglaksanakaken dhawuh gusti Alloh lan nebihi laranganipun.

Para hadirin ingkang dipun rahmati Allah. Kulo raos cukup semanton pidato ingkang kulo aturaken, menawi wonten kesalahan kulo nyuwun pangapuntun.

Wassalamualaikum WR wb.

Halaman:

Editor: Zayyin Multazam Sukri


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x