Teks Khutbah Jumat Tema Menyambut Malam Lailatur Qadar Bahasa Jawa

- 14 April 2022, 12:59 WIB
Teks Khutbah Jumat Tema Malam Lailatul Qadar Bahasa jawa
Teks Khutbah Jumat Tema Malam Lailatul Qadar Bahasa jawa /Pixabay/beingboring

Monggo kito sami muji syukur dumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi kito sedoyo nikmat arupi kesehatan, kesarasan lan kabegjan. Ugi mekaten kulo ngajak dumateng kulo piyambak, lan dateng panjenengan sedaya sami ajreh dumateng Gusti Allah kanti ninda’aken sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun.

Monggo sami netepi taqwo dumateng Gusti Allah wonten ing pundi kimawon kawontenan kito; rame utowo sepi, ngedeng utowo samar, supados kito tansah pikantuk rahmat lan kanugrahanipun Gusti Allah.

Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:

عَنْ أَبِيْ ذَرٍّ جُنْدُبِ بنِ جُنَادَةَ وَأَبِي عَبْدِ الرَّحْمَنِ مُعَاذِ بِنِ جَبَلٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا عَنْ رَسُولِ اللهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ: اتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ (رَوَاهُ التِّرْمِذِيّ) وَقَالَ: حَدِيْثٌ حَسَنٌ.


Artosipun: Wediya sira marang Gusti Allah, onok ing endi wae pangggonan tinemu siro, lan susulono keawonan kelawan kesaenan jalaran kesaenan iso nglebur keawonan, lan serawungo kelawan pekerti kang bagus. (HR Tirmidzi)

Kaum Muslimin ingkang Minulya

Sekedap malih kito sedoyo mlebet wulan suci Ramadhan, lan kedah kito siapaken mental lan manah kito kangge ngadepi kewajiban kito ninda’aken siyam wonten wulan Romadhon, jalaran mboten sekedik umat Islam ingkang nampi kewajiban siyam Ramadhan punika kanti kepekso, mboten ikhlas, mboten paham kaliyan keistimewaan lan pentinge siyam Ramadhan.

Kanjeng Nabi Muhammad SAW, wonten akhir bulan sya’ban, biasanipun dawuh:

يـاأَيـُّهـَاالـنَّـاسُ قَــدْ أَظَـلَّــكُـمْ شَــهْـرٌ عَـظِــيْـمٌ مُـبــارَكٌ شَــهْـرٌ فِــيْـهِ لـَـيْـلَـةُ الْــقَــدْرِ خَـيْـرٌ مِـنْ ألــفِ شَــهْـرٍ, جَـعَـلَ اللـهُ صِـيـَـامَـه فَـرِيـْـضَـةً , وقـيــامَ لَـيْـلِـهِ تـَطَـوُّعـًا مَـنْ تَـقَــرَّبَ فـيـه بـِخَـصْـلَـةٍ مِـنْ خِـصـَـالِ الْـخـَيْر كَانَ كَـمَـنْ أَدَّى فـَريــضَـةً فِـيـمـا سِـوَاهُ و مَـنْ أَدَّى فـَريــضَـةً كَان كَـمَـنْ أَدَّى سَـبْعِـيْـنَ فَـرِيـْـضَـةً فـيـمـا سـواه ,هُـوَ شَــهْـرُ الـصَّــبْـرِ وَ الـصَّــبْـرُ ثـَواَبـُه الـجَـنّة ُ, وشـهــر الـمُـواسـاةِ وشـهــرٌ يـُــزَادُ فـيـه الـرِّزْقُ


Artosipun: He poro menungso, temen bakal mayungi siro kabeh sawijining wulan kang agung, kang dibarokahi, wulan kang ono sawijining wengi kang diarani Lailatul Qadar kautamane ngungkuli sewu wulan, Allah wis majibake poso ing wulan kuwi, lan disunatake shalat wengi ing wulan kuwi, sing sopo wonge taqarrub ngibadah amrih caket marang Allah ono ing sak sejerone wulan kuwi, kelawan ngamal ngamal ibadah sunnah mongko koyo nindakake ibadah fardlu ing sak jerone wulan liyane, lan sing sopo wonge ngibadah fardlu siji ing wulan Ramadhan, mongko koyo ngibadah pitung puluh fardlu ing wulan liyane, lan wulan Ramadhan iku wulan sabar, dene sabar iku ganjarane suargo, Ramadhan iku wulan kanggo asih-asihan, lan wulan Ramadhan iku mangsane ditambahi rizki. (HR. Ibnu Khuzaimah, Baihaqi).

Halaman:

Editor: Zayyin Multazam Sukri

Sumber: Jatim NU


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah