Teks Khutbah Jumat Tema Menyambut Malam Lailatur Qadar Bahasa Jawa

- 14 April 2022, 12:59 WIB
Teks Khutbah Jumat Tema Malam Lailatul Qadar Bahasa jawa
Teks Khutbah Jumat Tema Malam Lailatul Qadar Bahasa jawa /Pixabay/beingboring

Gusti Allah dawuh:

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ

Artosipun: Wulan Ramadhan, wulan sing nang njerone diturunaken Al-Qur'an ingkang dados pituduh kagem menungso lan njelasake piro-piro pituduh lan pembedo (antarane haq lan batil) (QS. Al Baqarah: 185)

Pramilo monggo kito sambut wulan suci meniko kanti manah bingah soho ridha, remen ninda’aken kewajiban saking ngarsanipun Allah. Sebab bingah kimawon sampun ageng faedahipun. Setunggale hadits riwayat saking Imam Bukhari nyebataken:

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

Artosipun: Saking Abi Hurairah, kanjeng Nabi dawuh, sopo wonge poso wulan Ramadhan kanti iman lan golek ganjaran, mongko diapuro duso-dusone sing wis kliwat.

Saking hadits niki kito sami mangertosi bilih siyam Ramadhan pikantuk ampunan saking Allah meniko wonten kalih syarat:

1. Ngimani kanti yakin bab wajibe siyam Ramadhan, kito kedah yakin dateng dawuh Gusti Allah ingkang sampun paring janji kagem tiyang ingkang siyam Ramadhan.

2. Ngarep ganjaran wonten ngersanipun Gusti Allah, ikhlas anggenipun kito siyam mboten riya’(pengen dipuji)

Jamaah Jumat Rahimakumullah

Halaman:

Editor: Zayyin Multazam Sukri

Sumber: Jatim NU


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah